WILUJENG SUMPING di blog Dewan Kerja Pramuka Penegak dan Pandega Kwartir Ranting Karanglewas. Semoga bermanfaat...Kang Sae

Pupuh Dhandhanggula

KIDUNGAN
Kidung Sarira Ayu
Pupuh Dhandhanggula
Ana kidung rumeksa ing wengi, teguh ayu luputa ing lara, luputa ing bilahi kabeh, jin syaitan datan purun, paneluhan tenung tan wani, miwah panggawe ala, gunaning wong luput, agni atemahan tirta, maling arda tan ana ngarah ing kami, tuju duduk pan sirna.
Sagung pancabaya samya bali, sakathahing ama amiruda, wedi asih pandulune, sakehing braja luput, kira-kirapan wuk sakalir, saliring wisa tawa, sato kurda tutut, kayu aeng lemah sangar, songing landhak guwaning mong lemah miring, pakekiponing merak.
Panggupakaning warak sakalir, nadyan arga myang sagara alas, temahan rahayu kabeh, sarwa sarira ayu, ingideran ing widadari, rinekseng malaekat, sakathahing rasul, pan dadya sarira tunggal, ati Adam utekku Bagindha Esis, pangucapku ya Musa.
Napasku Nabi 'Isa linuwih, Nabi Jakub pamiyarsaningwang, Yusuf ing rupaku reke, Nabi Dawud swaraku, Jeng Sulaeman kasekten mami, Ibrahim kang anyawa, Idris ing rambutku, Said Al i kulitingwang, Abu Bakar getih : daging "Umar singgih, balung Baginda "Usman.
Sungsumku Fatimah kang linuwih, Aminah kang bebayuning angga, Ayub minangka ususe, sakehe wulu tuwuh, ing sarira tunggal lan nabi, cahyaku ya Muhammad, panduluku Rasul, pinayungan Adam syara'. sampun sangkep sakathahing nabi wali, dadya sarira tunggal.
Wiji sawiji mulane dadi, pencar dumadi isining jagad, kasamadan dening Dzate, singa maca myang ngrungu, kang anurat tuwin nimpeni, dadya ayuning jasad, kinarya sesembur, sira wacakna ing toya, kinarya dus rara tuwa glis laki, wong edan dadi waras.
Lamun arsa tulus nandur pari, puwasa sawengi sadina iderana galengane, wacanen kidung iku, datan ana ama kang prapti, lamun sira aperang, wateken-ing sekul, antuka tigang pulukan, kang amangan rineksa dening Hyang Wdhi , rahayu ing payudan.
Lamun ora bisa maca kaki, sinimpena kinarya azimat, teguh ayu panemune, yen binekta anglurug, mungsuhira datan udani, luput sanjata tawa, iku sawabipun, sabarang pakaryanira, pan rineksa dening Hyang Kang Maha Suci, sakarsane tinekan.
Lamun ana wong kabanda kaki, myang kadhendha lan kabotan utang, miwah wong alara reke, wacanen tengah dalu, ping selawe wangene singgih, luwar ingkang binanda, kang dinenda wurung, sadosane ingapura, ingkang utang sinauran ing Hyang Widdhi, kang agring dadi waras.
Sing sapa reke arsa nglakoni, amutiha lawan anawaa, patang puluh dina bae. lan tangi wektu subuh, miwah sabar syukuran ati, insya Allah tinekan, sakarsanireku, tumrah sanak rakyatira, saking sawabing 'ilmu pangiket mami, duk aneng Kalijaga.